Tolong carikan donk, puisi bhs jawa (geguritan) yang singkat aja... Thanks
B. Daerah
fiya13
Pertanyaan
Tolong carikan donk, puisi bhs jawa (geguritan) yang singkat aja... Thanks
2 Jawaban
-
1. Jawaban yogatama26
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika -
2. Jawaban claudioakbar
Aja Ngrangkul Rembulan
Dening: Claudio Akbar Y.
Aja pengin ngrangkul rembulan
Dheweke bengi iki duweke Kalarau
Ing saba obor mobat mabit katiyub angin,
Aku, lan sliramu ora perlu nandhang kingkin
Prawan sunthi pinjungan ngadeg ing plataran,
Nyawang akasa anggene tansah jejigaran
Saka lambene sing nyemlik kaprungu swara,
"Sapa kuwawa ngudari pepeteng,
Kalane lemah perdikan kuwi wis ora anteng
Keleban nepsu-nepsu, katrajang memala"